Sabtu, 22 Februari 2014
SESORAH MAULID NABI
assalamualaikum WR. WB.
Bismillahirrahmannirahim alhamdulillah hirabbil alamin wabihinasta'inu wa'alaridunya watin wasolatuwasalam mu'alaasrofil ambiya iwalmursalin wa'alaalihi wasohbihi ajma'in ammaba'du.
Dumaten Bapak M.Iskandar selaku kepala MTs N Kebumen 1, ingkan dahat kinurmatan
Ingkang kula khumati Bapak/Ibu guru dwijo karyawan karyawati MTs N Kebumen 1
lan rencang-rencang kelas 7 dumugi kelas 9
Monggo kita sesarengan ngaturaken puja lan puji syukur ing ndalem ngarsanipun Gusti Allah SWT. ingakng sampung paring kathah kenikmatan sahingga kita saged makempal wonteng acara menika, tanpo alangan punapa.
mboten kesupen sollawat salam ugi kaunjuk dateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad SAW. ingkang kita entosi syafangatipun ing yaumil kiyama (allahumma amin...)
sepindah kula ngaturaken sugeng rawuh dateng panjenengan ingkan sampun rawuh wonten acara Pengetan Maulid Nabi Muhmmad SAW. mugi-mugi acara menika ndadosaken amal silaturahim lan diridhoi AllaH SWT.
ancasipun kaping setunggal inggih menika kangge ngurmati kelairanipun kanjeng Nabi, ingkang sampun ngubah jaman jahilliyah dados jaman terang benderang. agengipun sanget jasa beliau.
ancasipun ingkang kaping kalih menika kangge cerminan diri kita supaya kita nderek syari'at islam, lan ndadosaken beliau teladan kita.
cekap semanten atur kula, menawi kula gadah kathah kelepatan, klenta-klentu lan kiranging subasita, kula atas nami pribadi nyuwun agungipun pangapunten.
wassalamu'alaikum WR.WB.
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar